FADLILAH ILMU
1)Riwayat sangking Abi Dzar r.a
Abi Dzar
ngendika:saktemene kanjeng Nabi Ngendika:wahai Abi Dzar!yekti enggonmu isuk”
golek ilmu sak bab sangking kitabe gusti
Allah iku luweh bagus keduwe siro ketimbang Sholat sunnah Satus rokaat . yekti enggonmu
isuk” golek ilmu sak bab sangking ilmu
padha ugo ilmu iku wus di Ngamal utowo ugung iku luweh bagus keduwe siro
katimbang sholat sunnah Sewu rokaat .
2)Kanjeng Nabi ngendiko
:”Sopo
wongkang ngaji sak bab sangking ilmu,ilmu iku kerana di wulng wulangake marang
manungso,mongko wong mau di paring ganjaran podo karo ganjarane kang di
paringake 70 nabi.
3)Kanjeng nabi ngendiko
:sopo
wongkang anjagong ana sanding wong ngalim 2 jam utowo mangan bareng karo wong ngalim 2
puluan :utowo krungu sangking wong ngalim 2 kalimah /bareng bareng mlaku 2
jangkah karo wong ngalim ,maka Gusti Allah Bakal maringi ing wong mau ing
suwargo loro : saben saben Suwargo siji podo karo dunnya kaping pindo.
4)Coro coro seng mudahne wongkang golek ilmu:
·
Sholat bengi senajan mung rong rokangat
·
Ngajekake wudli utowo jogo wudlu
·
Taqwa maring Allah baik lahi utowo bathine
·
Mangan dengan tujuan agar lek ngibadah gen kuat
ora mergo nafsu
·
Siwakan
5)Kanjeng nabi Ngendiko
Wediho siro
ing golongan werno telu sangking manungso yoiku :
·
Ngulamak kang podo lali ora ngopeni ilmune (ora
di ngamalne lan ora di wulangne marang wong lio )
·
Poro fuqohak yang podo ibo ibo mlarat(tegese
podo nglahirake perkoro kang suloyao karo perkoro kang kapisan ingdalen atine )
·
Wong ahli tasawuf kang podo bodo bodo (dewe’e
podo ngibo ngibo ahli tasawuf kerana dewe' bodo syariat dadi tuminda ‘e malah
keliru)